5 kasaenan kawula dipun wales piawon,saha katresnan kawula kawales sengit.
6 “Netepna tiyang duraka ingkang masesani piyambakipunlan tukang nggigat wonten ing sisih tengenipun.
7 Samangsa dipun adili katetepna kalepatanipun,saha pandonganipun kaanggepa dosa;
8 umuripun kacelakna,kalenggahanipun kaalapa dening tiyang sanes;
9 anakipun sami dadosa lola,tuwin semahipun dadosa randha.
10 Anak-anakipun kajengipun nglambrang boten kantenan lan ngemis,sarta katundhung saking jugruganing griyanipun.
11 Ingkang potang mbeslaha sabarang darbekipun,sarta tiyang sanes sami ngrayaha angsal-angsalaning ngrekaosipun;