4 Pangeran Yehuwah sampun supaos,sarta badhe boten keduwung:“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawasemanut tatanane Melkisedhek.”
5 Pangeran wonten ing tengen Paduka,ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun;
6 Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang.Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar.
7 Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen,temah ndengengekaken mastakanipun.