1 Haleluya!Pangeran Yehuwah arep dakcaosi pamuji sokur kalawan gumolonging atiku,ana ing pakumpulane para wong mursid lan ana ing pasamuwan.
2 Pakaryane Sang Yehuwah iku agung,patut dititi-priksa dening sakehing wong kang kasengsem.
3 Pakaryane iku agung lan mulya,tuwin kaadilane tetep ing salawas-lawase.
4 Kaelokane wus didadekake pangeling-eling;Pangeran Yehuwah iku sih-mirma sarta welasan.
5 Para wong kang ngabekti marang Panjenengane iku padha diparingi pangan,prajanjiane diengeti ing salawase.
6 Daya-kekiyataning pakaryane wus ditedahake marang umate,padha diparingi tanah pusakane para bangsa.