1 Haleluya!Rahayu wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,kang banget kasengsem marang sakehing pepakone,
2 anak-putune bakal santosa ana ing bumi,turune wong bener bakal diberkahi,
3 omahe kanggonan bandha lan kasugihan,sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.
4 Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang,tresna welasan lan adil.
5 Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake,kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,
6 sabab ora bakal gonjing ing salawase,wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,