2 anak-putune bakal santosa ana ing bumi,turune wong bener bakal diberkahi,
3 omahe kanggonan bandha lan kasugihan,sarta kautamane iku tetep ing salawas-lawase.
4 Ing sajroning peteng wong kang bener kaplethekan pepadhang,tresna welasan lan adil.
5 Begja wong kang kadunungan welas lan nyenyilihake,kang ngrampungake urusane kanthi samesthine,
6 sabab ora bakal gonjing ing salawase,wong kang mursid iku bakal pinengetan ing salawase,
7 ora wedi marang kabar kang ala,atine teteg, kumandel banget marang Pangeran Yehuwah,
8 atine santosa, ora kadunungan wedi,temah nganggep remeh marang para satrune.