1 Haleluya!He para abdining Pangeran Yehuwah, padha saosa puji,padha saosa puji marang asmaning Sang Yehuwah.
2 Asmaning Sang Yehuwah kasuwurna,ing saiki lan ing salawase.
3 Asmaning Sang Yehuwah pinuji-pujiasaka papan pletheking srengenge nganti tekan ing papan surupe;
4 Pangeran Yehuwah iku luhur ngungkuli sakehe para bangsa,kamulyane ngungkuli langit.
5 Sapa kang kaya Pangeran Yehuwah, Allah kita,kang dedalem ing ngaluhur,
6 kang ngesorake sarira prelu nguningani,swarga lan bumi?