1 Nalika Israel budhal saka ing tanah Mesir,nalika turune Yakub metu saka ing tengahe bangsa kang seje basane,
2 nuli Yahuda dadi papan pasucene,Israel dadi wewengkoning pangwaose.
3 Segara weruh banjur lumayu,bengawan Yarden bali mandhuwur,
4 gunung-gunung padha mencolot-mencolot kaya wedhus lanang,tengger-tengger padha lincak-lincak kaya cempe.
5 He segara, kena ngapa dene kowe kok lumayu?He bengawan Yarden, dene kowe bali mandhuwur,