13 bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,dadia kang cilik dadia kang gedhe.
14 Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar,iya kowe lan anak-putumu.
15 Kowe padha ginanjara berkah dening Sang Yehuwah,kang nitahake langit lan bumi.
16 Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah,dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.
17 Dudu wong mati kang bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,lan dudu sakehing wong kang wus mudhun marang ing alam suwung,
18 nanging kita, kita bakal padha memuji marang Sang Yehuwah,wiwit ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.Haleluya!