15 Kowe padha ginanjara berkah dening Sang Yehuwah,kang nitahake langit lan bumi.
16 Langit iku langit kagunganing Sang Yehuwah,dene bumi wus diparingake marang para anaking manungsa.
17 Dudu wong mati kang bakal padha ngluhurake Pangeran Yehuwah,lan dudu sakehing wong kang wus mudhun marang ing alam suwung,
18 nanging kita, kita bakal padha memuji marang Sang Yehuwah,wiwit ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.Haleluya!