2 Punapaa dene para bangsa ngantos sami badhe ngucap:“Allahe wong-wong iku ana ing ngendi?”
3 Allah kita ana ing swarga;nindakake ing sakarsane.
4 Brahalane para bangsa mau selaka lan mas,garapaning tangane manungsa;
5 padha duwe cangkem, nanging ora bisa celathu;padha duwe mata, nanging ora bisa ndeleng;
6 padha duwe kuping, nanging ora bisa ngrungokake;padha duwe irung, nanging ora bisa ngambu;
7 tangane ana, nanging ora bisa nggrayahi;sikile ana, nanging ora bisa lumaku,ora bisa nywara kalawan gurunge;
8 para wong kang gawe iku padha dadia pepadhanemangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku.