8 para wong kang gawe iku padha dadia pepadhanemangkono uga sarupane wong kang kumandel marang iku.
9 He Israel, kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.
10 He turune Imam Harun! Kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.
11 He para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah,padha kumandela marang Pangeran Yehuwah,Panjenengane kang mitulungi lan dadi tetamenge.
12 Pangeran Yehuwah wus ngengeti marang kita bakal paring berkah,bakal mberkahi turune Israel,bakal mberkahi turune Imam Harun,
13 bakal mberkahi para wong kang ngabekti marang Sang Yehuwah,dadia kang cilik dadia kang gedhe.
14 Pangeran Yehuwah muga ndadekna kowe padha tangkar-tumangkar,iya kowe lan anak-putumu.