2 sarta talingane nilingake aku,mulane sajegku urip aku bakal nyebut marang Panjenengane.
3 Aku digubed ing talining pati,sarta ditempuh ing rasa wedi marang jagading wong mati,tuwin ngrasakake karupekan lan kasusahan.
4 Nanging aku nyebut asmaning Pangeran Yehuwah:“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa ngluwari kawula.”
5 Pangeran Yehuwah iku asih-mirma lan adil,Gusti Allah kita iku ambek welasan.
6 Pangeran Yehuwah iku rumeksa marang wong prasaja;aku wus lemes, nanging banjur dipitulungi dening Panjenengane.
7 Dhuh nyawaku, puliha dadi ayem maneh,awit Pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe.
8 Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah,lan mripat kawula saking luh,tuwin suku kawula saking sesandhungan.