6 Pangeran Yehuwah iku rumeksa marang wong prasaja;aku wus lemes, nanging banjur dipitulungi dening Panjenengane.
7 Dhuh nyawaku, puliha dadi ayem maneh,awit Pangeran Yehuwah wus nyaeni marang kowe.
8 Inggih, Paduka sampun ngluwari kawula saking pejah,lan mripat kawula saking luh,tuwin suku kawula saking sesandhungan.
9 Aku diparengake lumaku ana ing ngarsaning Sang Yehuwah,ana ing tanahe wong urip.
10 Aku pracaya, sanajan duwe pangucap:“Banget temen anggonku katindhes.”
11 Ing sajroning kabingunganku aku ngucap:“Manungsa iku padha dora-cara kabeh.”
12 Kang dakgawe piwales apa marang Sang Yehuwah,tumrap ing sakehe sih-kadarmane marang aku?