21 Kawula ngunjukaken panuwun dhumateng Paduka,margi Paduka sampun nyembadani panyuwun kawulasarta Paduka sampun dados karahayon kawula.
22 Watu kang tinampik dening para juru yasa omahiku wus dadi uger-ugering padon;
23 kadadeyan iku saka ing Pangeran Yehuwah,sarta elok ing pandeleng kita.
24 Iki dina kang katitahake dening Pangeran Yehuwah,ayo padha bungah-bungah lan sukarena.
25 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring karaharjan.Dhuh Yehuwah, Paduka mugi kersaa paring kabegjan.
26 Binerkahana ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran Yehuwah.Aku padha mberkahi kowe kabeh saka ing padalemaning Sang Yehuwah.
27 Pangeran Yehuwah iku Gusti Allah,Panjenengane paring pepadhang marang kita,kurbane riyaya cancangen kalawan tali ing sungu-sungune misbyah.