3 Turune Imam Harun ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”
4 Para wong kang ngabekti marang Pangeran Yehuwah padha ngucapa:“Sih-kadarmane iku langgeng ing salawase!”
5 Sajroning karubedan aku nyebut marang Pangeran Yehuwah.Pangeran Yehuwah tumuli nyembadani panyuwunku,aku kaparingan lega;
6 Pangeran Yehuwah nunggil karo aku,aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
7 Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku,aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku.
8 Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake manungsa;
9 becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake para panggedhe.