6 Pangeran Yehuwah nunggil karo aku,aku bakal ora wedi.Manungsa bisa manggawe apa marang aku?
7 Pangeran Yehuwah nunggil karo aku sarta mitulungi aku,aku bakal nganggep sepele marang wong kang padha sengit marang aku.
8 Becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake manungsa;
9 becik ngungsi marang Pangeran Yehuwahkatimbang karo ngandelake para panggedhe.
10 Aku dikepung sakehe bangsademi asmaning Sang Yehuwah, kabeh padha dakgecak.
11 Aku dikepung, kemput anggone ngepung,demi asmaning Sang Yehuwah, dakgecak.
12 Padha ngepung aku kaya tawon,padha mulad-mulad kaya geni eren,demi asmaning Sang Yehuwah,padha dakgecak temah mundur.