1 Rahayu wong kang padha utama lakune,kang ngambah dalaning angger-anggering Pangeran Yehuwah.
2 Rahayu wong kang padha netepi ing dhawuh pepengetesarta ngupaya Panjenengane kalawan gumolonging ati,
3 kang uga ora nglakoni duraka,nanging ngambah dalan pitedahe.
4 Paduka piyambak sampun ndhawuhaken pepaken Paduka,supados dipun tetepana kaliyan tumemen.