105 Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula,sarta pepadhanging margi kawula.
106 Kawula sampun supaos, saha kawula badhe netepi,badhe ngestokaken sarak-sarak Paduka ingkang adil.
107 Dhuh Yehuwah, kawula sanget anggen kawula katindhes,mugi Paduka gesangaken nyondhongi ing pangandika Paduka.
108 Dhuh Yehuwah, sesaosan manasuka ingkang awujud kidung pepujian punika, mugi sageda ndadosaken kepareng Paduka,sarta kawula mugi kawulanga bab pranatan Paduka.
109 Kawula tansah ngetohaken nyawa kawula,ewasamanten kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.
110 Tiyang duraka sami masangi kala dhateng kawula,ewadene kawula boten nyleweng saking dhawuh-dhawuh Paduka.
111 Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun,awit punika dados kabingahanipun manah kawula.