111 Dhawuh pepenget Paduka punika dados pusaka kawula salami-laminipun,awit punika dados kabingahanipun manah kawula.
112 Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka,ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.
113 Kawula sengit dhateng tiyang ingkang mangu-mangu,nanging ingkang kawula tresnani punika angger-angger Paduka.
114 Paduka punika pangauban sarta tetameng kawula,pangandika Paduka ingkang kawula antos-antos.
115 He para durjana padha sumingkira saka aku,supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku.
116 Kawula mugi Paduka santosakaken nyondhongi ing prasetya Paduka supados kawula gesang,sarta sampun ngantos kacuwan ing pangajeng-ajeng kawula.
117 Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng,kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.