114 Paduka punika pangauban sarta tetameng kawula,pangandika Paduka ingkang kawula antos-antos.
115 He para durjana padha sumingkira saka aku,supaya aku netepana pepakone Gusti Allahku.
116 Kawula mugi Paduka santosakaken nyondhongi ing prasetya Paduka supados kawula gesang,sarta sampun ngantos kacuwan ing pangajeng-ajeng kawula.
117 Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng,kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.
118 Sakathahipun tiyang ingkang nyleweng saking pranatan Paduka punika sami Paduka tampik,awit pokalipun sami tanpa gina.
119 Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka simpar kados rereged,mila kawula remen dhateng pranatan-pranatan Paduka.
120 Badan kawula gumeter margi ajrih dhumateng Paduka,sarta kawula ajrih dhateng pangadilan Paduka.