116 Kawula mugi Paduka santosakaken nyondhongi ing prasetya Paduka supados kawula gesang,sarta sampun ngantos kacuwan ing pangajeng-ajeng kawula.
117 Kawula mugi Paduka pitulungi supados wilujeng,kawula tansah badhe bingah-bingah margi saking pranatan Paduka.
118 Sakathahipun tiyang ingkang nyleweng saking pranatan Paduka punika sami Paduka tampik,awit pokalipun sami tanpa gina.
119 Sakathahipun tiyang duraka sami Paduka simpar kados rereged,mila kawula remen dhateng pranatan-pranatan Paduka.
120 Badan kawula gumeter margi ajrih dhumateng Paduka,sarta kawula ajrih dhateng pangadilan Paduka.
121 Kaleresan sarta kaadilan ingkang sampun kawula lampahi,kawula mugi sampun Paduka ulungaken dhateng tiyang ingkang nganiaya dhumateng kawula.
122 Paduka mugi karsaa nanggel abdi Paduka ing bab kasaenan,tiyang ambek kumawasa sampun ngantos sami nindhes dhateng kawula;