125 Kawula punika abdi Paduka, mugi Paduka paringi pangretosan,supados kawula nyumerepi dhawuh pepenget-pepenget Paduka.
126 Ing sapunika sampun wekdalipun kagem Pangeran Yehuwah tumindak ing damel;tiyang-tiyang sampun sami mbibrah angger-angger Paduka.
127 Mila kawula remen dhateng pepaken Paduka,nglangkungi mas, sanadyan ingkang murni pisan.
128 Punika sababipun kawula gesang kanthi jujur, salaras kaliyan sadaya dhawuh Paduka,sakathahing margining dora-cara kawula sengiti.
129 Dhawuh pepenget-pepenget Paduka punika elok,mila nyawa kawula ngestokaken punika,
130 kawedharipun pangandika Paduka punika madhangi,paring pangretosan dhateng para tiyang ingkang bodho;
131 cangkem kawula kawula engakaken wiyar lan mangap-mangap,awit ngorong kepengin dhateng pepaken-pepaken Paduka.