132 Paduka mugi karsaa mirsani kawula saha karsaa paring piwelas,miturut sapantesipun tumrap tiyang ingkang sami tresna dhateng asma Paduka.
133 Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka,saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula.
134 Kawula mugi Paduka uwalaken saking panganiayaning tiyang,supados kawula ngandhemi prentah-prentah Paduka.
135 Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka,sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka.
136 Luh kawula crocosan kados ilining toya,awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.
137 Dhuh Yehuwah, Paduka punika adil,saha pranatan Paduka punika leres;
138 pepenget Paduka sampun Paduka dhawuhaken kaliyan adiltuwin kasetyan ageng.