133 Jangkah kawula mugi Paduka jejegaken manut janji Paduka,saha sakathahing piawon sampun ngantos misesani kawula.
134 Kawula mugi Paduka uwalaken saking panganiayaning tiyang,supados kawula ngandhemi prentah-prentah Paduka.
135 Cahyanipun wedana Paduka mugi nyunarana abdi Paduka,sarta kawula mugi Paduka wulang bab pranatan-pranatan Paduka.
136 Luh kawula crocosan kados ilining toya,awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.
137 Dhuh Yehuwah, Paduka punika adil,saha pranatan Paduka punika leres;
138 pepenget Paduka sampun Paduka dhawuhaken kaliyan adiltuwin kasetyan ageng.
139 Kawula nggeges dening urubing katresnan kawula,margi satru kawula sami nglirwakaken sakathahing dhawuh Paduka.