136 Luh kawula crocosan kados ilining toya,awit tiyang sami boten netepi angger-angger Paduka.
137 Dhuh Yehuwah, Paduka punika adil,saha pranatan Paduka punika leres;
138 pepenget Paduka sampun Paduka dhawuhaken kaliyan adiltuwin kasetyan ageng.
139 Kawula nggeges dening urubing katresnan kawula,margi satru kawula sami nglirwakaken sakathahing dhawuh Paduka.
140 Prasetya Paduka punika murni sanget,abdi Paduka remen sanget.
141 Kawula punika tiyang alit sarta nistha,ewadene boten kesupen dhateng dhawuh Paduka.
142 Kaadilan Paduka punika adil ing salaminipun,tuwin angger-angger Paduka punika leres.