139 Kawula nggeges dening urubing katresnan kawula,margi satru kawula sami nglirwakaken sakathahing dhawuh Paduka.
140 Prasetya Paduka punika murni sanget,abdi Paduka remen sanget.
141 Kawula punika tiyang alit sarta nistha,ewadene boten kesupen dhateng dhawuh Paduka.
142 Kaadilan Paduka punika adil ing salaminipun,tuwin angger-angger Paduka punika leres.
143 Kawula tinempuh ing karibedan tuwin kasisahan,nanging pepaken Paduka sami dados kabingahan kawula.
144 Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun,kawula mugi Paduka mangretosaken supados kawula gesang.
145 Paduka kawula sebut kaliyan manah ingkang gumolong; dhuh Yehuwah, mugi Paduka sembadani!Pranatan Paduka badhe kawula tetepi.