144 Pepenget Paduka punika adil ing salaminipun,kawula mugi Paduka mangretosaken supados kawula gesang.
145 Paduka kawula sebut kaliyan manah ingkang gumolong; dhuh Yehuwah, mugi Paduka sembadani!Pranatan Paduka badhe kawula tetepi.
146 Kawula sesambat dhumateng Paduka; Paduka mugi karsaa ngluwari kawula!Kawula badhe ngestokaken pepenget Paduka.
147 Enjing umun-umun kawula tangi saha sesambat nyuwun tulung,Pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng.
148 Tangi kawula ngrumiyini wekdalipun jagi daluprelu ngraos-ngraosaken janji Paduka.
149 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,awit saking sih-kadarman Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken miturut pranatan Paduka.
150 Tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula badhe nandukaken piawon dhateng kawula sampun celak,tiyang-tiyang wau sami nebihi angger-angger Paduka.