147 Enjing umun-umun kawula tangi saha sesambat nyuwun tulung,Pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng.
148 Tangi kawula ngrumiyini wekdalipun jagi daluprelu ngraos-ngraosaken janji Paduka.
149 Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa miyarsakaken unjuk kawula,awit saking sih-kadarman Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken miturut pranatan Paduka.
150 Tiyang ingkang ngoyak-oyak kawula badhe nandukaken piawon dhateng kawula sampun celak,tiyang-tiyang wau sami nebihi angger-angger Paduka.
151 Nanging dhuh Yehuwah, Paduka celak,sarta sakathahipun pepaken Paduka punika leres.
152 Sampun wiwit rumiyin kawula mangretos saking ing pepenget Paduka,bilih punika sampun Paduka tetepaken kangge ing salaminipun.
153 Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula sarta kawula mugi Paduka entasaken,awit kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.