152 Sampun wiwit rumiyin kawula mangretos saking ing pepenget Paduka,bilih punika sampun Paduka tetepaken kangge ing salaminipun.
153 Paduka mugi karsaa mirsani kasangsaran kawula sarta kawula mugi Paduka entasaken,awit kawula boten kesupen dhateng angger-angger Paduka.
154 Paduka mugi karsaa ngurus prakawis kawula, saha kawula mugi Paduka luwari,punapa malih kawula mugi Paduka gesangaken miturut prasetya Paduka.
155 Karahayon punika tebih saking para tiyang duraka,margi sami boten ngupadosi pranatan Paduka.
156 Dhuh Yehuwah, sih-piwelas Paduka punika luber,kawula mugi Paduka gesangaken laras kaliyan angger-angger Paduka.
157 Kathah tiyang ingkang mbujeng sarta ingkang nglawan kawula,nanging kawula boten nyleweng saking pepenget Paduka.
158 Anggen kawula ningali tiyang ingkang lampah cidra ngantos bosen,dene kok sami boten ngestokaken janji Paduka.