163 Kawula gething saha rumaos eneg dhateng para-cidra,nanging remen dhateng angger-angger Paduka.
164 Kawula memuji Paduka kaping pitu sadinten,margi saking kaadilaning sarak Paduka.
165 Tiyang ingkang sami remen dhateng angger-angger Paduka punika kadunungan katentreman ingkang ageng,saha boten wonten sandhunganipun.
166 Dhuh Yehuwah, karahayon peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,sarta kawula nglampahi pepaken Paduka.
167 Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,sanget anggen kawula remen,
168 prentah saha pepenget Paduka sami kawula tetepi,awitdene salampah-lampah kawula wonten ing ngarsa Paduka.
169 Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka.