167 Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka,sanget anggen kawula remen,
168 prentah saha pepenget Paduka sami kawula tetepi,awitdene salampah-lampah kawula wonten ing ngarsa Paduka.
169 Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka.
170 Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka,kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.
171 Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian,margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula.
172 Ilat kawula kajengipun ngidungaken janji Paduka,awit sakathahipun pepaken Paduka punika leres.
173 Asta Paduka mugi dadosa pitulungan kawula,awit prentah Paduka ingkang kawula pilih.