169 Dhuh Yehuwah, mugi pasambat kawula sumengkaa dhateng ing ngarsa Paduka,kawula mugi pinaringana pangretosan nyondhongi pangandika Paduka.
170 Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka,kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.
171 Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian,margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula.
172 Ilat kawula kajengipun ngidungaken janji Paduka,awit sakathahipun pepaken Paduka punika leres.
173 Asta Paduka mugi dadosa pitulungan kawula,awit prentah Paduka ingkang kawula pilih.
174 Dhuh Yehuwah, pangluwaran peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,saha angger-angger Paduka dados kabingahan kawula.
175 Nyawa kawula mugi sageda gesang, supados memuji dhumateng Paduka,saha sarak Paduka mugi dadosa pitulungan kawula.