170 Pasambat kawula mugi katrimaha wonten ing ngarsa Paduka,kawula mugi kaentasna miturut janji Paduka.
171 Lambe kawula kajengipun nglairaken pepujian,margi Paduka mulangaken pranatan Paduka dhateng kawula.
172 Ilat kawula kajengipun ngidungaken janji Paduka,awit sakathahipun pepaken Paduka punika leres.
173 Asta Paduka mugi dadosa pitulungan kawula,awit prentah Paduka ingkang kawula pilih.
174 Dhuh Yehuwah, pangluwaran peparing Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng,saha angger-angger Paduka dados kabingahan kawula.
175 Nyawa kawula mugi sageda gesang, supados memuji dhumateng Paduka,saha sarak Paduka mugi dadosa pitulungan kawula.
176 Kawula punika kesasar kados menda ingkang ketriwal, abdi Paduka mugi Paduka padosi,awit kawula boten kesupen dhateng pepaken Paduka.