20 Manah kawula rempu margi saking anggen kawula tansah kangendhumateng sarak Paduka.
21 Paduka mbendonana para tiyang mursal; mugi kenginga ing ipat-ipattiyang ingkang nyimpang saking pepaken Paduka.
22 Panacad tuwin pangina mugi Paduka singkiraken saking kawula,awitdene kawula netepi dhawuh pepenget Paduka.
23 Sanadyna para pengageng sami lelenggahan sekuthon nglawan dhateng kawula,ewadene abdi Paduka punika ngraos-ngraosaken pranatan Paduka.
24 Dhawuh pepenget Paduka punika malah sami dados kasenengan kawulasaha dados juru pirembag kawula.
25 Nyawa kawula kraket dhateng lebu,Paduka mugi karsaa nggesangaken kawulamiturut ing pangandika Paduka.
26 Salampah kawula sampun kawula unjukaken, dene Paduka lajeng paring wangsulan.Paduka mugi karsaa mulang bab pranatan Paduka dhumateng kawula.