39 Cacad kawula ingkang kawula kwatosaken, mugi Paduka singkiraken saking kawula,awitdene angger-angger Paduka punika sae;
40 saestu ingkang kawula kangeni punika pepaken Paduka;kawula mugi Paduka gesangaken kalayan kaadilan Paduka.
41 Dhuh Yehuwah, mugi kawula kadhawahana ing sih-susetya Paduka,karahayon peparing Paduka punika laras kaliyan janji Paduka;
42 supados sageda mangsuli dhateng ingkang nacad kawula,sabab kawula pitados dhateng pangandika Paduka.
43 Pangandikaning kaleresan punika mugi sampun ngantos kapundhut saking cangkem kawula,awitdene kawula ngajeng-ngajeng dhateng pranatan Paduka.
44 Kawula tansah badhe netepi angger-angger Padukaing salajengipun saha ing salaminipun.
45 Kawula badhe lumampah wonten ing omberan,margi pepaken Paduka ingkang kawula padosi.