48 Tangan kawula nyadhong dhateng pepaken Paduka ingkang kawula tresnani;kawula badhe ngraos-ngraosaken pranatan-pranatan Paduka.
49 Paduka mugi ngengeti dhateng pangandika ingkang Paduka paringaken dhateng abdi Paduka,amargi Paduka sampun paring pangajeng-ajeng dhumateng kawula.
50 Punika ingkang dados panglipur kawula ing salebetipun kasangsaran kawula,inggih punika anggen kawula kagesangaken dening prasetya Paduka.
51 Tiyang ingkang kumingsun sanget anggenipun sami moyoki dhateng kawula,nanging kawula boten badhe mengeng saking angger-angger Paduka.
52 Dhuh Yehuwah, pangadilan Paduka ingkang saking kina mila kawula engeti,milanipun angsal panglipur.
53 Kawula nepsu dhateng para tiyang durakaingkang sami nilar angger-angger Paduka.
54 Pranatan Paduka punika tumamanipun dhateng kawula kados kidung masmur,wonten ing griya, ingkang kawula enggeni dados tiyang neneka.