5 Mugi-mugi lampah kawula tetepmiturut pranatan Paduka.
6 Manawi makaten kawula boten badhe kawirangan,manawi kawula ngawasaken sakathahing pepaken Paduka.
7 Kawula badhe ngucap sokur dhumateng Paduka klayan eklasing manah,samangsa nggegulang dhateng sarak Paduka ingkang adil.
8 Pranatan Paduka sami badhe kawula tetepi,kawula mugi sampun ngantos paduka tilar babar pisan.
9 Tiyang nem-neman sagedipun tetep sae lampahipun punika isaratipun punapa?Manawi netepi ing pangandika Paduka.
10 Paduka kawula upadosi klayan gumolonging manah kawula,sampun ngantos Paduka uja nyimpang saking pepaken Paduka.
11 Janji Paduka kawula simpen ing salebeting manah,supados kawula sampun ngantos damel dosa dhumateng Paduka.