52 Dhuh Yehuwah, pangadilan Paduka ingkang saking kina mila kawula engeti,milanipun angsal panglipur.
53 Kawula nepsu dhateng para tiyang durakaingkang sami nilar angger-angger Paduka.
54 Pranatan Paduka punika tumamanipun dhateng kawula kados kidung masmur,wonten ing griya, ingkang kawula enggeni dados tiyang neneka.
55 Dhuh Yehuwah, ing wanci dalu kawula enget dhumateng asma Paduka,kawula badhe netepi angger-angger Paduka.
56 Punika ganjaran Paduka dhateng kawula,inggih punika bilih kawula ngestokaken pepaken Paduka.
57 Pangeran Yehuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula sampun prajanjibadhe netepi pangandika Paduka.
58 Klayan sanget adreng saha gumolonging manah anggen kawula nyuwun sih-piwelas Paduka,mugi Paduka karsaa paring sih-palimirma dhumateng kawula laras kaliyan janji Paduka.