54 Pranatan Paduka punika tumamanipun dhateng kawula kados kidung masmur,wonten ing griya, ingkang kawula enggeni dados tiyang neneka.
55 Dhuh Yehuwah, ing wanci dalu kawula enget dhumateng asma Paduka,kawula badhe netepi angger-angger Paduka.
56 Punika ganjaran Paduka dhateng kawula,inggih punika bilih kawula ngestokaken pepaken Paduka.
57 Pangeran Yehuwah punika ingkang dados panduman kawula, kawula sampun prajanjibadhe netepi pangandika Paduka.
58 Klayan sanget adreng saha gumolonging manah anggen kawula nyuwun sih-piwelas Paduka,mugi Paduka karsaa paring sih-palimirma dhumateng kawula laras kaliyan janji Paduka.
59 Lampah kawula tansah kawula raosaken,sarta suku kawula, kawula eneraken dhateng ing dhawuh pepenget Paduka.
60 Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetakenanggen kawula netepi pepaken Paduka.