60 Kawula enggal-enggal saha boten badhe ngrendhetakenanggen kawula netepi pepaken Paduka.
61 Jiretipun tiyang duraka sami nangsuli kawula,nanging kawula boten kasupen dhateng angger-angger Paduka.
62 Ing wanci tengah dalu kawula nglilir muji sokur dhumateng Padukamargi saking pranatan-pranatan Paduka ingkang adil.
63 Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka.
64 Dhuh Yehuwah, bumi punika kebak ing sih-susetya Paduka,kawula mugi Paduka wulang bab pranatan Paduka.
65 Dhuh Yehuwah, Paduka sampun nandukaken kasaenan dhateng abdi Paduka,miturut pangandika Paduka.
66 Kawula mugi Paduka wulang bab kawicaksanan sarta kawruh ingkang sae,awit kawula pitados dhateng pepaken Paduka.