70 Manahipun tiyang-tiyang wau sami kandel kados gajih,nanging kawula, angger-angger Paduka punika dados kabingahan kawula,
71 anggen kawula katindhes punika maedahi tumrap kawula,inggih punika ndadosaken kawula lajeng nggegulang pranatan Paduka.
72 Toret ingkang Paduka paringaken punika sae tumrap kawulanglangkungi mas utawi selaka blebekan.
73 Asta Paduka ingkang nitahaken saha mangun kawula,kawula mugi Paduka paringi pangretosan, supados kawula saged nyinau pepaken Paduka.
74 Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,sami nyawang kawula kaliyan bingah,awitdene kawula ngajeng-ajeng dhateng pangandika Paduka.
75 Dhuh Yehuwah, kawula sumerep bilih pranatan-pranatan Paduka punika adil,saha anggen Paduka ngganjar kesrakatan dhateng kawula punika awit saking kasetyan Paduka.
76 Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula,kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi.