76 Mugi-mugi sih-susetya Paduka punika dadosa panglipur kawula,kados prasetya Paduka dhateng ingkang abdi.
77 Sih-palimirma Paduka mugi tumanduka dhateng kawula supados kawula gesang,awit angger-angger Paduka punika karemenan kawula.
78 Para tiyang kumingsun sami kawirangan,dene kawula dipun siya-siya tanpa sabab;nanging pepaken Paduka badhe kawula raos-raosaken.
79 Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,saha ngretos dhateng dhawuh pepenget Paduka,punika sami ngguyubana dhateng kawula;
80 manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka,supados kawula sampun ngantos nandhang wirang.
81 Nyawa kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka,pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng;
82 mripat kawula bengep margi saking anggenipun ngajeng-ajeng dhateng prasetya Paduka;kawula munjuk: “Benjing punapa Paduka badhe nglipur kawula?”