78 Para tiyang kumingsun sami kawirangan,dene kawula dipun siya-siya tanpa sabab;nanging pepaken Paduka badhe kawula raos-raosaken.
79 Para tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka,saha ngretos dhateng dhawuh pepenget Paduka,punika sami ngguyubana dhateng kawula;
80 manah kawula mugi sageda lestantun pamadhepipun dhateng pranatan Paduka,supados kawula sampun ngantos nandhang wirang.
81 Nyawa kawula cecengklungen dhateng karahayon peparing Paduka,pangandika Paduka ingkang kawula ajeng-ajeng;
82 mripat kawula bengep margi saking anggenipun ngajeng-ajeng dhateng prasetya Paduka;kawula munjuk: “Benjing punapa Paduka badhe nglipur kawula?”
83 Sabab kawula sampun kados impes wecucal tinarang wonten ing kukus,ewasamanten kawula inggih boten kasupen dhateng pranatan Paduka.
84 Kantun pinten dinten-dintenipun abdi Paduka punika?Benjing punapa anggen Paduka badhe ngadili tiyang ingkang sami mbujeng kawula?