82 mripat kawula bengep margi saking anggenipun ngajeng-ajeng dhateng prasetya Paduka;kawula munjuk: “Benjing punapa Paduka badhe nglipur kawula?”
83 Sabab kawula sampun kados impes wecucal tinarang wonten ing kukus,ewasamanten kawula inggih boten kasupen dhateng pranatan Paduka.
84 Kantun pinten dinten-dintenipun abdi Paduka punika?Benjing punapa anggen Paduka badhe ngadili tiyang ingkang sami mbujeng kawula?
85 Tiyang kumingsun ingkang boten nurut ing angger-angger Paduka,punika sami ndhudhuk luwangan kangge kawula.
86 Sakathahipun pepaken Paduka punika kenging pinitados;kawula dipun oyak-oyak tanpa sabab,kawula mugi Paduka pitulungi.
87 Kawula meh-meh kemawon dipun sirnakaken saking ing bumi,ewadene kawula inggih boten nilar dhawuh Paduka.
88 Kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka,supados kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka.