87 Kawula meh-meh kemawon dipun sirnakaken saking ing bumi,ewadene kawula inggih boten nilar dhawuh Paduka.
88 Kawula mugi Paduka gesangaken awit saking sih-kadarman Paduka,supados kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka.
89 Dhuh Yehuwah, pangandika Paduka punika ing salami-laminipuntetep santosa wonten ing swarga.
90 Kasetyan Paduka punika turun-tumurun,Paduka ngekahaken bumi, temah tetep wonten.
91 Tulusipun sadaya ngantos ing samangke punika miturut pranatan Paduka,margi sadaya-sadayanipun punika sami ngladosi Paduka.
92 Manawi angger-angger Paduka boten dados kasenengan kawula,kawula mesthi sampun lami tiwas wonten ing kasangsaran kawula.
93 Kawula boten badhe kasupen dhateng prentah Paduka ing salami-laminipun,awit punika marginipun anggen Paduka nggesangaken dhateng kawula.