90 Kasetyan Paduka punika turun-tumurun,Paduka ngekahaken bumi, temah tetep wonten.
91 Tulusipun sadaya ngantos ing samangke punika miturut pranatan Paduka,margi sadaya-sadayanipun punika sami ngladosi Paduka.
92 Manawi angger-angger Paduka boten dados kasenengan kawula,kawula mesthi sampun lami tiwas wonten ing kasangsaran kawula.
93 Kawula boten badhe kasupen dhateng prentah Paduka ing salami-laminipun,awit punika marginipun anggen Paduka nggesangaken dhateng kawula.
94 Kawula punika kagungan Paduka, kawula mugi Paduka luwari,awit kawula punika ngupadosi prentah-prentah Paduka.
95 Tiyang duraka sami ndingkik kawula, badhe nyirnakaken kawula,nanging kawula badhe migatosaken pepenget-pepenget Paduka.
96 Kawula sumerep dhateng wates-watesipun kasampurnan,nanging prentah Paduka punika wiyar sanget.