97 Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka,sadinten muput kawula gilut-gilut.
98 Pepaken Paduka punika paring kawicaksanan dhateng kawula, munjuli satru kawula,margi ing salaminipun wonten ing kawula.
99 Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula,margi dhawuh pepenget-pepenget Paduka kawula gilut-gilut.
100 Kawula langkung mangretos katimbang kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh,margi kawula netepi prentah-prentah Paduka.
101 Suku kawula kawula pekak tumrap sakathahing margining piawon,supados ngestokaken pangandika Paduka.
102 Kawula boten mengeng saking sarak-sarak Padukamargi Paduka ingkang mulang dhateng kawula.
103 Janji Paduka punika legi sanget wonten ing lak-lakan kawula,ngungkuli leginipun maben wonten ing cangkem kawula.