1 Kidung jiyarah.Sajroning karubedan aku sesambat marang Pangeran Yehuwah,banjur disembadani:
2 “Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawulasaking lambe ingkang cidra,saking ilat ingkang dora-cara.”
3 Apa kang bakal diparingake marang kowe,sarta kowe diparingi tambahan apa,he ilat kang dora-cara?
4 Panahe prawira kang landhep,tuwin mawane kayu arar.