4 kang kaunggahan dening para taler,yaiku para taler kagunganing Sang Yehuwah,prelu padha ngucap sokur marang asmaning Sang Yehuwah, nocogi pranatan tumrap Israel.
5 Awit ing kono prenahe dhampar-dhamparing pangadilan,dhampare trahe Prabu Dawud.
6 Yerusalem padha suwunna tentrem rahayu:“Sakehing wong kang tresna marang kowe ginanjara kasantosan.
7 Tentrem rahayu anaa sajroning balowartimu,lan kasantosan anaa ing kadhatonmu.”
8 Marga saka para sadulurku lan para mitraku,aku dakngucapake: “Tentrem rayahu anaa ing kowe.”
9 Marga saka padalemane Pangeran Yehuwah, Gusti Allahku,aku bakal padha ngupaya apa kang becik tumrap kowe.