1 Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud.Yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,-- dikaya mangkono pangucape Israel, --
2 yen ajaa Pangeran Yehuwah piyambak kang mbelani marang kita,nalika wong padha gumregah nglawan marang kita,
3 kita mesthi wus padha diuntal urip-uripan,nalika mulad-mulading nepsune marang kita;
4 kita banjur kentir ing banyu,aku wus padha kleleb ana ing kali;